Jumat, 14 Februari 2025

TULUNG MENTHUNG by DIDI KEMPOT (1996)

Wis ditulung malah menthung, Wis tak angkat malah kumat
Opo pancen wis nasibku, Pisahan karo sliramu
Wis... Wis... Wis... Sak karepmu

Kebangeten toh uripku
Kowe lali karo aku
Mbok elingo dek semono
Mbiyen kowe kuwi sopo

Wis... Wis... Wis... Sak karepmu

Umpomo barang mbiyen kowe rongsok'an
Rusak tak dandani, reget sithik tak resik'i
Nanging saiki awakmu malah lali
Tegone atimu natoni aku iki

Yeng ngono carane
Aku tak urip dhewe

Wis ditulung malah menthung, Wis tak angkat malah bumet
Opo pancen wis nasibku, Pisahan karo sliramu
Wis... Wis... Wis... Sak karepmu

Umpomo barang mbiyen kowe rongsok'an
Rusak tak dandani, reget sithik tak saponi
Nanging saiki awakmu malah lali
Tegone atimu natoni aku iki

Yeng ngono carane
Aku tak urip dhewe

Tidak ada komentar:

Posting Komentar